Home » » #WaniUtangWaniMbayar

#WaniUtangWaniMbayar



Ngerti gak, nyapo nek wektu menghadiri pengajian, terus muballigh e ndongakne sing dho teko mugo-mugo utange ndang lunas, lha kok sing nyauri banter akeh banget? Yo kuwi, pancen kebanyakan manusia kuwi akeh utange. Mugo-mugo sampean ora, yo.
Mbok kiro aku ngeposting babagan utang ngeneki terus aku ora nduwe utang ngono? Yo nduwe lah. Cah kene kok. Haha. Mulo kuwi nek enek muballigh kok ndongakne apik ngonokuwi, aku termasuk sing ‘ng-aamiin-i’ paling banter. Ngeneki mengko terus enek sing komentar, “Doa kui sing penting atine, dudu banter orane.” Oalah, aku kok mesakke to karo wong ngeneki. Opo uripe abot banget, sampek dijak santai guyon saithik wae kok yo ora kenek.
Nek nduwe utang kuwi sing penting sopan santun e. Usahakne mbayar tepat waktu. Dene ra iso tepat waktu yo ojo terus amblas koyok bedhes. Komunikasi kuwi penting. Ojo nggawe wong liyo su’udzon karo awakmu. Lha wong upomo kowe nyicil utangmu sanajan saithik-saithik kuwi lho, sing mbok utangi wis seneng banget. Paling ora kan awakmu wis menunjukkan rasa tanggung jawabmu.  

Sumber gambar : http://doasupaya.blogspot.co.id/2016/02/doa-supaya-cepat-bisa-membayar-hutang.html

Mbok pikir nek nglali karo utang, terus uripmu penak ngono? ORA! Iki ora kok ndongakne uripmu ra kepenak, ning e nek dilogika wae, masuk opo ora kahanan ngeneki:
1.      Upomo kowe butuh meneh, opo wani utang karo wong sing podho?
2.      Jenengmu terkenal dadi wong sing angel nyaur utang upamane, sing rugi sopo?
3.      Lha nek kowe menahan hak e wong liyo, ojo-ojo hakmu yo ditahan karo Gusti Alloh?
4.      Nek mati nggowo utang, sing sengsoro sopo?
Ngeneki aku yo ngandhani aku dhewe, rumangsamu. Utangku yo akeh soale. Aku ora arep ndalil, wong ngilmuku sek cethek. Krandene yo, kecuali memang sengaja datang untuk mendengarkan ceramah dan belajar darinya, kebanyakan manusia itu nggak suka diceramahi kok. Aku bingung boso jowone opo. Haha.
((LHA KAWIT NDHUWUR MAU KI OPO NEK ORA CERAMAH??)) Ora yo, mung ndleming aku ki. *Keplak sirahe*

Lha sakwalike, mbokmenowo kowe dadi pihak sing ngutangi, yo podho, kudu nduwe unggah-ungguh sing apik. Ora kok upamane sing utang pancen durung iso nyaur, terus kowe sangger wae curhat postang-posting ning media sosial. Peh saiki jamane smartphone ae. (Lha kejobo wis kebangeten, yo sakkarepmu. Haha. Tapi aku kadang nek moco enek wong update status ngonokuwi yo kudu melu ngguyu ngakak ngenes e. Sepurane yo ngeneki. Lha piye lho, sing utang sopo, sing nagih nganti koyok wong ngemis sopo).

Ora kabeh kudu di-share. Syukur-syukur kowe gelem ndongakne mugo-mugo wong sing utang kuwi rejekine lancar, ben iso nyaur utang ning awakmu. Lak yo podho-podho penak e to? Aku ki yo tau krungu, jarene nek ngutangi wong sing butuh ki ganjarane uakeh. Sakpiro akehe? Ora ruh. Sing nyathet malaikat Raqib, kok. Lha nek ngutangi akeh (opo meneh ora sepiro), tapi mbok gembar-gemborne rono-rene yo podho ae opo. Ojo-ojo sing nyathet malah malaikat sijine.

Sumber gambar: http://belajarsatuayat.blogspot.co.id/2016/01/bahaya-orang-yang-tidak-melunasi.html

Hehe, angel yo ngecakne ngeneki. Gandheng podho-podho butuhe. Mugo-mugo rejekine lancar kabeh. Aamiin.

0 comments :

Post a Comment

Visitor